header image
 

Sing Penting Posting

Lawas banget ora tau “posting”, gara-garane lagi akeh gawean neng kantor. Kepriben mening, esuk uput-uput wis mangkat kantor, gawean seabreg kelare pas wis mbengi-mbengi. Keselen durung sempet salin wis banjur turu, meninga arep posting. Kepriben carane garep posting. Tapi ya ora papa, jenenge wong urip, kudu nyambut gawe.

Lha kiye carane lagi mbludreg banget. Prei-prei ngantor, udan mening, jan macherelle poll. Dadine kambi iseng, ana wektu lowong neng tengah-tengah gawean tak niati nggo posting nganggo basa leluhur, mbanyumasan totok ora nganggo edit-editan, ora nganggo mikir-mikiran babar pisan.

Dadi sing pada maca aja ngresulah nek cempuleke tulisanku madan mbingungi, ora sesuai karo kaedah EYD sing bener..wong karep-karepku sing garep nulis koh. Rika pada gari maca baen. Nek ana sing bingung, komen baen, ngko tek jawab.

Wis lah, loro Paragraph baen cukup. Diundang karo Pak Bos kon rapat ndimin, dongakna sukses ya sedulur kabeh.

Suwun.

~ oleh ipungmbuh di/pada Maret 15, 2008.

4 Tanggapan to “Sing Penting Posting”

  1. aja kerja terus dab. ke bhi lah. :)

  2. halah..posting kok terpaksa..!!!!!

    bos,kpn meh ke jogja..???

  3. mmmh, gak ada halaman terjemahan yah?
    Aduh bahasanya…
    pasti teman sekampungnya Fariz dan Bungki yaa??
    ya wis kaya kuwe bae..hehehehe piss aahh!!

  4. ealah pung, tak kira sesuatu yg bakalan susah dimengerti, tapi ternyata gak sia2 bhs jawaku dulu dapet nilai 8, aku ngertiiiii HORE!!! :D

    *terimakasih atas postingan penghibur saat ditinggal suami pergi*

Tinggalkan Balasan